Thursday, December 25, 2008

KEKORBAN

Kekorban ora padha karo ngorbanké
kekorban tegese mateni awakku demi uriping liyan
kosok baline,
ngorbanké tegese mateni awaking liyan demi uripku.
ngorbanké ora liya ndadekké tumbal wong liya

jaman saiki dudu jaman kekorban
ning jaman ngorbanké
neng endi-endi akeh sing ngorbanké
ana sing terang-terangan
akeh sing sesideman.
ngorbanké menungsa kepenak bae
ora lanang, ora wadon,
ora gedhe, ora cilik,
sing paling kerep
ngorbanké wong cilik dudu wong gedhe
wong mlarat dudu wong sugih
wong ringkih dudu wong pideksa

ora luput ngorbanké bocah-bocah cilik
sing durung kenggonan dosa
sing isih resik ati lan budine
sing durung isa swala apa-apa
sing dadi kori Kratoning Swargo
iki sing ngrujit-ngrujit atiku

lamat-lamat aku weruh Gusti Yesus
sing terus kekorban tekan saiki
sing nandhang sangsara lan seda
ora merga kasalib bangsa Israel
ning kejeblugan bomé Israel.

(Dina iki aku nonton berita TV Italia sing nyiarke berita perang. Israel terus ngebomi Libanon, daerah Kana. Ana bom Israel njebluk neng perkampungan Libanon lan mateni kurang luwih 60 wong, 40 ing antarane bocah-bocah cilik!)

30 Juli 2006, 17.37’

KRATONING SWARGA

Kratoning Swargo
luwih edi ketimbang kraton-kratoning bumi
senajan tanpa ukiran lan lukisan
luwih tentrem kabanding Pentagon
senajan tanpa beteng lan sorodadu
yen diregani mung sak rega banda-bandhumu
yen kacondra endahè kaya edinè barang-barang klangenanmu
yen digambarke kaya wong tapen,
sing misahke las sing mentes saka sing gabug,
las-las mentes disimpen,
merang-merange dibuwang lan diobong.
mengkono bakal kelakone
Kratoning Swarga

29 Juli 06, 10.16’

Thursday, April 17, 2008

WENGI

dudu petenging wengi sing tak wedeni
dudu rembulaning wengi sing mranani
apa dene dudu lintang-lintanging wengi sing merak ati
peteng, rembulan lan lintang-lintanging wengi
kethèkan daya
nalika bangun esuk
srengenge ndadari
njungkar sakabehe

wengining ati iku sing medeni
wengining budi sing nggegirisi
wengining pangarep-arep iku sing mateni
wengining iman sing nyumelangi

padhang dadi petheng
pethengé saya ndedet
sing putih dadi ireng
sing ireng dadi putih
sing bener dadi luput
sing luput dadi bener

wengining jalmi,
jalmining petheng
iku sing nyumelangi.

28 Juli 2006, 23.01’

Tuesday, October 23, 2007

WINIH

winih mono purwaning urip,
ning ya pungkasaning urip

winih
ora gelem urip yen ora tumiba ing lemah
ora isa tukul neng lemah garing
ora urip apik yen lemah kakehan banyu
ora gelem thukul neng pucuking watu
ora gelem urip neng dhasaring samudra

winih butuh lemah kang subur,
supaya bisa thukul
ngembang,
ngawoh,
lan ngetoké winih meneh.

winih iku purwaning urip
ning ya pungkasaing urip
winih iku pungkasaning urip
ning ya purwaning urip.

winih yen ora tumiba ing lemah tetep siji
yen tumiba ing lemah lan mati isa awoh matikel-tikel

winih iku
Alpa lan Omega
Sang Hyang Gesang
Pangeraning urip lan pati.

Alpa lan Omega,
sing tumiba ing lemahing titah.
Sang Hyang Gesang,
sing dangan seda,
thukul,
ngembang,
ngawoh,
lan dadi Pangeraning urip lan pati.

28 Juli 2006, 12.25’

PANGALEMBANA

racake saben wong seneng yen dialem
isa mergo pawakan lan dedeg piadegé
endi sing mripate damar kanginan
rambute ngandhan-andhan
tangané ngandhewo pinethang
lsp

isa merga ketrampilan lan kabisané
endi mergo enak masakané
pinter ngripta tetembangan lan nembang
pinter nulis lan ngarang
pinter njoget utawa nglawak
lsp

ana uga sing dialem ora merga pawakan
uga ora merga ketrampilané
ning merga pancen becik atiné

ora kena sinawang ning katon cetha wela-wela
ora isa dirungokaké ning swaranè kung
ora isa diganda ning mambu arum
ora isa dicecep ning krasa enak

pangalembana iku rega sing paling larang
ning butuh ragat murah kanggo aweh pangalembana
pisungsung katur Gusti iku mesti bae sing regane paling larang
ning saben wong kuwat tuku
ya mung pangelembana pisungsung sing paling larang,
ning diobral dasarané

26 Juli 2006, 11.27’

MULIH

mulih, impené wong neng paran
omah, bapak, simbok, kangmas, dimas lan tonggo teparo sing dikapangi
kanca-kanca raket sing dikangeni
mulih, impené rina lan wengi

Saturday, September 01, 2007

SEDULUR

sedulur iku turun
merga tunggal bapa biyung
ana ilining getih sing tumurun

sedulur iku kanca
merga kepothangan kabecikan
ana kebecikan sing pengin dilanggengké

sedulur iku sedulur
merga bebarengan napak tilas pada Dalem Gusti
ora merga turun
ora merga kepotangan kabecikan

pindha teken kanggo wong pincang
pindha obor kanggo wong kewengèn
pindha banyu kendhi kanggo sing ngorong

nemu sedulur, padha karo
nemu kuping sing ngrungoké uneg-ungeg
nemu mripat sing nyorotké welas asih
nemu tutuk sing atur panglipur
nemu tangan sing ngekep ngrangkul
nemu ati sing kebak rasa tresna

“Ecco mia madre e ecco i miei fratelli; perché chiunque fa la volontà del Padre mio che è nei cieli, questi è per me fratello, sorella e madre” (Mt. 12: 49-50)