Tuesday, October 23, 2007

WINIH

winih mono purwaning urip,
ning ya pungkasaning urip

winih
ora gelem urip yen ora tumiba ing lemah
ora isa tukul neng lemah garing
ora urip apik yen lemah kakehan banyu
ora gelem thukul neng pucuking watu
ora gelem urip neng dhasaring samudra

winih butuh lemah kang subur,
supaya bisa thukul
ngembang,
ngawoh,
lan ngetoké winih meneh.

winih iku purwaning urip
ning ya pungkasaing urip
winih iku pungkasaning urip
ning ya purwaning urip.

winih yen ora tumiba ing lemah tetep siji
yen tumiba ing lemah lan mati isa awoh matikel-tikel

winih iku
Alpa lan Omega
Sang Hyang Gesang
Pangeraning urip lan pati.

Alpa lan Omega,
sing tumiba ing lemahing titah.
Sang Hyang Gesang,
sing dangan seda,
thukul,
ngembang,
ngawoh,
lan dadi Pangeraning urip lan pati.

28 Juli 2006, 12.25’

PANGALEMBANA

racake saben wong seneng yen dialem
isa mergo pawakan lan dedeg piadegé
endi sing mripate damar kanginan
rambute ngandhan-andhan
tangané ngandhewo pinethang
lsp

isa merga ketrampilan lan kabisané
endi mergo enak masakané
pinter ngripta tetembangan lan nembang
pinter nulis lan ngarang
pinter njoget utawa nglawak
lsp

ana uga sing dialem ora merga pawakan
uga ora merga ketrampilané
ning merga pancen becik atiné

ora kena sinawang ning katon cetha wela-wela
ora isa dirungokaké ning swaranè kung
ora isa diganda ning mambu arum
ora isa dicecep ning krasa enak

pangalembana iku rega sing paling larang
ning butuh ragat murah kanggo aweh pangalembana
pisungsung katur Gusti iku mesti bae sing regane paling larang
ning saben wong kuwat tuku
ya mung pangelembana pisungsung sing paling larang,
ning diobral dasarané

26 Juli 2006, 11.27’

MULIH

mulih, impené wong neng paran
omah, bapak, simbok, kangmas, dimas lan tonggo teparo sing dikapangi
kanca-kanca raket sing dikangeni
mulih, impené rina lan wengi