Thursday, December 25, 2008

KEKORBAN

Kekorban ora padha karo ngorbanké
kekorban tegese mateni awakku demi uriping liyan
kosok baline,
ngorbanké tegese mateni awaking liyan demi uripku.
ngorbanké ora liya ndadekké tumbal wong liya

jaman saiki dudu jaman kekorban
ning jaman ngorbanké
neng endi-endi akeh sing ngorbanké
ana sing terang-terangan
akeh sing sesideman.
ngorbanké menungsa kepenak bae
ora lanang, ora wadon,
ora gedhe, ora cilik,
sing paling kerep
ngorbanké wong cilik dudu wong gedhe
wong mlarat dudu wong sugih
wong ringkih dudu wong pideksa

ora luput ngorbanké bocah-bocah cilik
sing durung kenggonan dosa
sing isih resik ati lan budine
sing durung isa swala apa-apa
sing dadi kori Kratoning Swargo
iki sing ngrujit-ngrujit atiku

lamat-lamat aku weruh Gusti Yesus
sing terus kekorban tekan saiki
sing nandhang sangsara lan seda
ora merga kasalib bangsa Israel
ning kejeblugan bomé Israel.

(Dina iki aku nonton berita TV Italia sing nyiarke berita perang. Israel terus ngebomi Libanon, daerah Kana. Ana bom Israel njebluk neng perkampungan Libanon lan mateni kurang luwih 60 wong, 40 ing antarane bocah-bocah cilik!)

30 Juli 2006, 17.37’

No comments: