kadang kala aku kepingin nyipati pangeram-eram.
utawa malah kanggonan daya sing isa nuwuhke pangeram-eram.
iba senengé nduweni daya linuwih iku,
isa menggak gunung njeblug
utawa nampeg aluning angin tsunami
ngendeg lindu sing gawe rata desa
utawa nyekel bledeg kaya Kyai Ageng Sela
lan isa nangkap lan njeblugké rudal-rudalé Israel lan Hisbullah sing ngorong gethih.
gunung njeblug iku pangeram-emam.
pangamuking tsunami iku pangeram-eram
lindu lan bengkahing lemah iku pangeram-eram
bledeg lan gludug iku uga pengeram-eram
rudal-rudal sing padha njeblug iku cetha dudu pangeram-eram.
ananging trekahing titah sing ora gelem mertobat nyawang pangeram-eram.
“Aku ora bakal aweh tanda pangeram-eram kejaba tanda pangeram-eramé Nabi Yunus!” (Mt.12: 39).
Senen, 24 Juli 2006
Monday, August 27, 2007
Subscribe to:
Posts (Atom)